Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi "remi" maknane "njareme lami" tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe. Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:
(إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلاَقِ. (رواه أحمد
Ingkang Artosipun "Sak temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti"
Baca Juga: Kumpulan Ide Kreatif Desain Mading Maulid Nabi Muhammad SAW 1444 Hijriah, Keren
Poro bapak poro Ibu ingkang kulo hormati! Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi sehinggo syi’ar kejayaan Islam mboten namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas berkembang ngantos seluruh dunia.
Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab mawon tapi dateng seluruh alam, Alloh dawuh wonten Al-Qur'an Surah Al-Anbiya' ayat satus pitu:
Ingkang Artosipun "Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sak alam donyo.
Poro rawuh ingkang minulyo! Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo. Mugi-mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat.
Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.