Teks Contoh Pidato Maulid Nabi Muhammad SAW dalam Bahasa Jawa

- 15 Oktober 2022, 14:35 WIB
Dalam ceramahnya, Ustad H. Ahmad Muzakky, S.Th.I., Al Hafidz,  Imam Besar Masjid Nasional Al-Akbar Surabaya berharap peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW di Perum Menganti Permai, Hulaan-Gresik berefek positif dalam pembentukan sumber daya manusia yang ber-akhlakul karimah.
Dalam ceramahnya, Ustad H. Ahmad Muzakky, S.Th.I., Al Hafidz, Imam Besar Masjid Nasional Al-Akbar Surabaya berharap peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW di Perum Menganti Permai, Hulaan-Gresik berefek positif dalam pembentukan sumber daya manusia yang ber-akhlakul karimah. /Bony Putra S.

Dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal'afiyat.

Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh, niat ta'dzim utawi hormat dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad.

Salah setunggalipun Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang sanggup bade paring syafa'at, boten pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.

Baca Juga: Contoh Teks MC Acara Maulid Nabi Muhammad SAW 1444 Hijriah di Mesjid

Poro rawuh ingkang minulyo! Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno.

Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin, tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:

Ingkang artosipu "Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung" Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo! Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun maklum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih sakderengipun Kanjeng Nabi lahir dipun watani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan.

Baca Juga: Kumpulkan 559 Pejabat Polri, Hendardi Nilai Jokowi Geram Sama Korps Baju Cokelat

Bangsa Arab wonten zaman niku dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak disembah, tiyang-tiyang katah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah braholo, omben-ombenan arak, maen judi, kertu, remi lan sa’ piturutipun, meniko sampun terbiasa, keranten dereng mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom.

Pancene menawi dipun maknani, "maen" niku maknane "maunya enak", tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi "judi", maknane "sing maju dadi", dadi nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi "kertu" "duit ning sengker dadi metu" asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.

Halaman:

Editor: Farhan Nurhadi


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah